Jumat, 28 Agustus 2009

Java Language [nge-ngoko-inD]

Sinau Basa Jawa nganti rasa seneng
Akeh sing ngomong menawa basa Jawa iku angel. Malah ana ugo sing duwe anggepan yen sinau basa jawa iku luwih angel tinimbang sinau basa manca. Padahal yen duwe anggepan mau iku wong asli jawa. Kepriye kok bisa ngono? Apa bener basa jawa iku angel tenan? Kandane wong tua-tua, basa jawa iku ora angel tenan. Menawa digawe angel ya terus dadi angel tenan. Basa jawa klebu angel merga ing basa jawa kuwi ana sing diarani urut-urutanne tata krama utawa unggah ungguh basa. Unggah ungguh basa mau dipisahke dadi papat. Ngoko lugu, ngoko alus, krama lagu, lan krama alus. Saka unggah ungguh basa cacahe papat mau sing dianggep gampang dhewe yaiku ngoko lugu. Basa ngoko lugu akeh digunakke ana ing masyrarakat Jawa, dienggo wong tuwa kangge ngomong marang wong enom utawa bocah, uga isa kanggo ngomong bocah pada bocah, utawa wong tuwa pada wong tuwa sing wis cedhak srawunge. 
 Dene unggah ungguh basa sing klebu angel yaiku basa karma alus, merga kudhu akeh ngapalke tembung tembung, Utamane tembung sing kanggo ngomong karo wong tuwa. Masalah urut urutane utawa unggah ungguhe basa mau kanggo murid bisa disinauni ana sakjerone pelajaran basa Jawa ing sekolahan.
 Saka anane Keputusan Gubernur Jawa Tengah Nomer 895.5/01/2005 masalah kurikulum basa jawa, basa jawa terus dadi pelajaran wajib sing diwenehake ing sekolahan sekolahan saka SD (Sekolah Dasar) nganti tekan SMA (Sekolah Menengah Atas). Sakdurunge ana Keputusan Gubernur mau, pelajaran basa Jawa mung kangge genep-genepan, nanging diajarake ing tingkat SD nganti SMP. Saiki basa Jawa mulai entuk enggon sing lumayan, muga-muga wae bisa ngawiti basa Jawa dadi luwih manak akeh, ora mala mrihatinake.  
 Akeh nimpuna basa sing pada gomong yen sakjatine sing marahi basa Jawa dadi mrihatinke iku ora liya ya saka wong Jawa dhewe. Sakparengan ageng wong Jawa ora ngulinakne nganggo basa Jawa mben dinane. Saben dinane yen basa Jawa ora ringkes, kurang komunikatif lan liya liyane. Kenyataanne saiki akeh warga Jawa sing padha ndidik anake ora nganggo basa Jawa. Utamane ibu-ibu senajan asli wong Jawa, nanging kaya-kaya wis lali marang basa Jawa. Kebukti nalika duwe anak, wiwit lair anakke wis dikulinakake nganggo basa Indonesia. Babar pisan ora dikulinakake basa Jawa.
 Dadi anakke mau pada ora ngerti karo basa Jawa. Apa maneh tata krama. Kabeh ibu-ibu mau padha ngomong yen ing jaman teknologi sarwa maju iki basa Jawa ora pathi perlu lan malih sakiki umume padha ngangge basa Indonesia. Mula iku milih nganggo basa Indonesia wae sing luwih gampang. Anggepan mau ana benere nanging akeh klerune. Wis dimengerteni sing akeh yen basa Jawa mau ora mung bisa kangge kumpulan wae. Luwih saka kuwi, basa Jawa uga bisa kangge ndidik masalah tata krama, sopan santun, lan budi pekerti marang anak-anakke. 
 Yen mbiasakkake nganggo basa Jawa, kejaba anak-anakke mau bisa luwih nduweni tata krama sing apik marang unggah ungguh basa. Basa Jawa kuwi ajeg nduweni kebecikkan yen dibandingke karo basa liya. Matur suwun. Kanggo contho, aku tau maca sawijining halaman pendidikan ing majalah Jayabaya sing nyebutake yen tembung-tembung ing basa Jawa mau apik-apik. Lagi anggone ngomong wae wis liya karo tembung-tembung basa liya. Umpamane tembung ”matur nuwun” anggone ngomongake mesthi alon. Bedha karo yen ngomong tembung thank you, terima kasih, kamsia sing bisa diucapake cepet utawa banter. Basa Jawa bisa disinaoni nanggo cara sing rena-rena kaya sing isih tak lakoni. Cara-cara mau umpamane, bisa sinau nganggo buku-buku basa Jawa ning sekolahan, utamane para siswa yen nemu masalah sing ora cetha kudu wani takon marang bapak utawa ibu guru basa Jawa. Kanggo sing durung ngerti, arti lan maksud-e basa Jawa mau isine werna werna, mulai dongeng kanggo bocah-bocah, kabudayan, kasusastran, nganti sastra kabeh ana. Yen sering maca wacan basa Jawa mau ora krasa penangkepan kita masalah basa Jawa bisa mundhak. Sakwise seneng maca, yen nemoni bab sing kurang cetha, bisa takon karo wong tuwa sing ngerti tenan masalah basa lan kabudayan Jawa, lumrahe wong tuwa mau nyata ngerti tenan. Sakbanjure, pekara kasil lan orane yen sinau basa Jawa mau tergantung karo awake dhewe dhewe. Sing penting, sakdurunge sinau basa Jawa luwih dhisik kabeh duwe niyat sing kuwat kanggo landasanne rasa tresna karo basa Jawa. Nglakoni gawean opo wae yen ditandangi kanthi tresno lumrahe mesthi arep ngunduh asil sing apik lan nyenengne. Luwih apik wong sing wis dadi wong Jawa kudu ayo padha dhuweni rasa tresna karo basa Jawa. Sapa maneh sing kudu nresnani yen ora wong Jawa dhewe. Ya aku karo kuwe kabeh.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar