Jumat, 24 Juli 2009

Bahasa Jawa : spesial untuk P. Nyamat...

     1. Andaka ina tan wrin upaya = wong kang didakwa nyolong nanging ora ngaku, wasana
Tuladha: Amir nyolong motore tetanggane. Pas ning kantor polisi, Amir ora ngaku yendeweke nyolong amarga deweke wedi nek mlebu penjara.


2. Adol lenga kari busik = dum dum barang, nanging sing andum ora oleh bagean
Tuladha: Sawijinging Nabi iku sifate pancen becik. Nalika delok rakyat miskin, Nabi iku ora tega. Panjenengane paring-paring apa kang bisa diparingake tanpa medulikake dheweke.


3. Anirna patra = ngungkiri tulisane dhewe
Tuladha: Nalika bali sekolah, Basbas nulis boten pareng ngagem sepatu ing kelas. Sakesuke, Basbas ngidak reregetan. Dheweke nganggo sepatu ing kelas, dadine kelase rusuh. Kanca-kancane ngamuk marang Basbas, nanging Basbas ora ngaku menawa dheweke sing nulis. Sebabe kanca-kancane wis ora nganggo sepatu.


4. Asor kilang munggwing gelas = gunem manis tur marak ati lan bisa mranani sing krungu
Tuladha: Dhoxie senengane muja-muja pacare nek pacare iku ayu. Dhoxie seneng nek pacare iku seneng uga utawa guyu. Soale guyune pacare Dhoxie iku manis.


5. Ana adulate ora ana begjane = arep nemu kabegjan, ning ora sida
Tuladha: Cihuy ndelok dhuwit satus ewu ing dalan. Dheweke mlaku marani dhuwit iku, nanging ana wong kang jupuk dhuwit iku. Dadine Cihuy ora sida entuk dhuwit iku.


6. Ana gula ana semut = panggonan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani.
Tuladha: Ana sawijining toko kang ngedol barang-barang elit nganggo rega sing murah. Toko iku rame ditekani wong-wong amarga ngedol barang-barang elit kanggo rega terjangkau.


7. Angon mangsa = golek wektu kang prayoga kanggo tumindak.
Tuladha: Nalika pelajaran kosong, kanca-kancane Ellok pada rame, nanging Ellok sinau pelajaran Basa Jawa sing dheweke ora bisa. Ellok migunaake wektu iku supaya bisa nyalip Marwan sing jago Basa Jawa iku.


8. Arep jamure emoh watange = gelem kepenake ora gelem rekasane
Tuladha: Ing perlombaan 17-an, Fashtha ora gelem melu siji wae perlombaan. Dheweke ngongkon kancane supaya melu lomba. Nalika kancane menang lomba, kancane oleh hadiyah mangan gratis. Dheweke melu mangan karo kanca-kancane. Kanca-kancane padha nggremengi Fashtha. 


9. Ana catur mungkur = ora seneng nyampuri urusaning liyan
Tuladha:Izta duwe prinsip menawa dheweke kudu dadi bocah kang apik. Dheweke ora gelem ngurusi urusan wong liya menawa urusane dhewe durung rampung. Dadine dheweke disenengi karo kanca-kancane. 


10. Anak molah bapa kepradhah = wong tuwa melu repot amarga tumindake anake
Tuladha: Ghading menika tiyang sing nakal. Piyambakipun seneng migunakaken narkoba. Amargi piyambakipun taksih alit, tiyang sepuhipun dados dipenjara amargi kelakuan putranipun. 


11. Arep nengkane emoh pulute = gelem kepenak emoh nglakoni rekasane
Tuladha: Shabien lan kanca-kancane kadhawuhan saking ibu guru menawa nandur wit rambutan. Nanging Shabien ora melu kerja bakti amarga gawe dheweke reget. Nalika wit rambutane wis uwoh, Shabien banjur jupuk kabeh rambutane. Kanca-kancane padha ngamuk, nanging dheweke ora ngrasa salah.



12. Adigang, adigung, adiguna = seneng ngendelake kekuwatane, panguwasae, lan kepinterane
Tuladha: Benjo dhuwe otot sing keker, dheweke iya anake wong pangkat. Benjo lumayan pinter, nanging dheweke sombong. Menawa nyalonake dadi OSIS, dheweke nyritakake tentang keluwihane. Kanca-kancae ora ana sing gelem milih Benjo. Nanging kanca-kancane diancem menawa ora milih dheweke. Pancen Benjo bocah kang sombong.


13. Asu marani gebug = njarag bebaya
Tuladha: Nalika liburan sekolah, Yadhie lan kanca-kancane ngrencanakake piknik. Yadhie ngusul menawa dheweke pingin piknik ing tanah Sagih. Kanca-kacane wenehi piweling kanggo Yadhie menawa tanah iku akeh ulane. Menawa ora gelem kabeh, Yadhie menyang ing tanah Sigih dhewekan. Nalika tekan ing tanah mau, Yadhie kaget menawa akeh ula ana ing tanah Sagih iku.


14. Bapa kesolah anak molah = yen wong tuwa oleh prakara, anak uga melu ngrasakae lan melu tanggung jawab
Tuladha: Ramanipun Zatzat dipenjara amargi mejahi tetangginipun. Nalika ing sekolah, Zatzat oleh ala-ala saking rekanipun amargi ramanipun Zatzat dipenjara. 


15. mBarung sinang = nyela-nyela wong guneman
Tuladha: Ghestho lan kanca-kancane padha guneman masalah penting pekara piknik. Nalika lagi serius-seriuse, Ghestho malah malingke bab. Dheweke malah ngomong pekara motor anyar. 


16. mBondhan tanpa ratu = mbangkang marang nagara
Tuladha: Negara Indonesia nglarang menawa ora entuk nyiksa bocah. Nanging P. Laskar ora mirengaken peraturan mau. Dheweke terus nyolong bocah, banjur jaluk tembusan kanggo wong tuwa bocah mau. Polisi akhire bisa ngringkus P. Laskar mau. Dheweke nyesel amarga wis mbangkang marang Negara.

17. Asu gedhe menang kerahe = wong kang dhuwur pangkate mesthi wae luwih dhuwur panguwasane
Tuladha: Presiden SBY menika dados presidenipun Indonesia. Panjenenganipun gadhah sopan santun. Ing pundi mawon, panjenenganipun diajengi kaliyan rakyat amarga dados presiden Indonesia.


18. Ati bengkong oleh oncong = wong duwe niyat ala oleh dalan
Tuladha: Besta kepingin dadi profesor kang terkenal. Dheweke latihan supaya bisa dadi professor. Sinau terus tanpa ngeluh. Cita-citane akhire bisa kawujud amargi usahane mau lan niyate mau. Gusti pancen adil kanggo ciptaane.

19. Criwis cawis = seneng maido nanging ya seneng menehi (muruki)
Tuladha: B. Anfas iku wong kang sugih. Dheweke pancen cerewet, dheweke gadah pembantu akeh. Saben kerjaan menawa ora rampung didukani B. Anfas. Namung B. Anfas seneng meneh-meneh karo wong liya.  

 
20.
Beras wutah arang bali menyang takere= barang kang wis wah ora bakal bali kaya maune
Tuladha: P. Ahmad kagungan pitik kanga rep disembelih ing dina Minggu. Mardin, putrane P. Ahmad ora setuju yen pitike mau arep disembelih. Barang wis dina Minggu, P. Ahmad nyembelih pitike lan digawe opor. Mardin nangis lan nyuwun karo P. Ahmad supaya pitik kang sampun diopor dibalike ning asale. P. Ahmad ngendikan karo Mardin yen pitike mau ora bisa balik marang asale. 


















Tidak ada komentar:

Posting Komentar